Minggu, 02 Oktober 2016

Video Maskumambang Kumbang Tibo

Maskumambang Kumbang Tibo

Nadyan silih
bapa biyung kaki nini
sadulur myang sanak
kalamun muruk tan becik
nora pantes yen den nuta


aja sira niru tindak kang tan becik
sanadyan wong liya
lamun pamuruke becik
miwah ing tindak prayoga
iku pantes yen sira tirua kaki
miwah biyung bapa
amuruk watek kang becik
kaki iku estokena